Kelas 5 (basa jawa)
Assalamu'alaikum wr wb
- Anak-anakku kabeh, piye pawartamu dina iki ? muga Allash SWT tansah paring rahmat lan kanugrahan marang kowe lan keluargamu kabeh. Bagas waras tanpa ana reribet.
- Anak-anakku, saiki kowe wis munggah saka kelas 4 menyang kelas 5, mula saka iku mestine kowe kudu tambah sregep sinau, mituhu marang dhawuhe wong tuwa yakuwi ibu lan bapa, uga miturut piwulange ibu/bapa guru.
- Sak wise prei pungkasn tahun ajaran, ing kalodhangan iki ajo diwiwiti ajar basa jawa maneh.
- Macem- macem sing bisa dienggo sinau basa jawa kanthi nyenengake. Ana tembang (nyanyi basa jawa), dolanan, parikan, cangkriman lan liya-liyane. mBok menawa wis ana sak perangan kang wis dak wulangake ana ing kelas 4.
- Ning saiki ayo diambali maneh babagan parikan lan paribasan
- Tuladha :
1. Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prayoga
2. Manuk emprit nutul pari, dadi murid kudu taberi.
3. Isa ngendhang ora bisa nyuling, isa nyawang ora bisa nyandhing.
- Iki kang diarani parikan. Parikan iki akeh banget ya ning basa jawa. Ana uga parikan sing awujud tembang. kaya ta, "suwe ora jamu, jamu godhong tela, suwe ora ketemu ketemu pisan rada gela" (ayo coba sapa sing bisa nembangake kaya iki mau ?)
4. Becik ketitik ala ketara, tegese ala lan becik (yang buruk dan yang baik) mesti ketok.
5. Cebol nggayuh lintang, tegese kepinginan kang mokal bisa kaleksanan.
6. Ancik-ancik pucuking eri, tegese ana ing cedhake bebaya, mula kudu ati-ati banget.
- Angka 4, 5, 6, iku kangdiarani paribasan.
- Saiki coba kowe goleka parikan lan pari basan liyane ! lan kumpulne menyang wali kelasmu.
- Dak kira kango dina iki, cukup semene dhisik mengko liya dina disambung maneh.
- Sugeng ajar basa jawa, panggah semangat. Aja kendhat anggonmu ndonga marang Allah SWT, mligine kango wong tuwamu . Shalat limang wektu naja sampe ditingalake, nderes Al Qur'an (muraja'ah) sing lumintu. Muga Allah tansah paring rahmat lan pengayoman marang kowe lan keluargamu kabeh, basuki raharja kalis ing sambi kala. A m i n
Wassalamu'alaikum wr wb.
Komentar
Posting Komentar