Kelas 5 (basa jawa)



 Assalamu'alaikum wr wb.

- Alhamdulillah, anak-anakku kabeh, bisa mbacutake sinau basa jawa, muga kowe kabeh tansah seger waras ora ana sawiji apa, tansah pinaringan rahmate gusti Allah SWT uga wong tuwamu lan keluargamu kabeh, amin.

- Dhek kepungkur wis dak aturake babagan paribasan utawa bebasan, saiki arep dak bacutake karo tembung wangsalan.

-Wangsalan, saka tembung wangsulan (jawaban), yakuwi unen-unen kang diwenehi kaya cangkriman kang wangsulane memper karo tegese unen-unen. Ana uga kang ngarani unen-unen kaya cangriman nanging batangane/wangsulane/jawabane wis disebut sisan krana sandi/tersirat (samar/bukan sebenarnya) Tuladha : "sarung jagung, abot entheng lakonono" sarung jagung kuwi sing dikarepape kulite jagung kang aran klobot, njur saka tembung klobot mau digathuk ake karo tembung abot.

- Ana maneh unen-unen, "kok mbalung janur, paring usada wong kang nandang wuyung". Balung janur, janur kuwi godhong klapa sing isih enom, godhong klopo kuwi tengahe ana balungane kang aran sada. Njur saka tembung sada kuwi digathuk ake karo tembung usada (usada kuwi tamba/jamu/obat).Dadi wangsalan mau tegese menehi tamba karo wong kang lagi kasmaran (jatuh cinta), wuyung kuwi cen bahasa Indonesia jatuh cinta.

- Siji maneh dak wenehi tuladha, unen-unen, "witing pari, dimen mari nggonku lara ati". Wit pari (batang padi) kuwi arane damen, tembung dimen padha karo ben utawa kareben (biar ing bahasa Indonesia), mula tembung damen mau digathuk ake karo tembung dimen (kareben).

- Saiki kowe bisa golek tuladha liya saka ngendi wae, saka pepak, LKS, uga saka mbah google (ning kono komplit banget). Golek a siji bae njur kirmne ning wali kelasmu.

- Kuwi bae dhisik mengko bisa dibacutake ing pasinaon candhake, sugeng sinau, sepisan maneh aja nganti lali shalat, utamane kang limang wektu, tansah ndedonga ing ngarsane Allah SWT, muga tansah paring rahmat, karaharjan lan kawilujengan. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)