Kelas 5 (basa jawa/kasusastran)T

Assalamu'alaikum wr wb

- Alhamdulillah, anak-anak ku kabeh, muga-muga dina iki kowe lan keluarga tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat lan karaharjan saha barakah saka Allah SWT.

- Sak durunge wis disinau bab paribasan/bebasan lan wangsalan. Lan tugas sing wis kok kumpulake dak kira kabeh apik-apik, ning sing perlu kok gatekake saka kabeh sing kok tulis mau, prayogane kowe ngerti lan paham apa sing dikarepake, kaya tuladhane bebasan :"becik ketitik ala ketara" iku minangka piweling/pitutur kanggo kita kabeh klebu kowe, aja nganti seneng tumindak ala (buruk) ananging senenga gawe kabecikan (kebaikan), amarga sing ala lan sing becik kuwi bakal dititeni liyan. Ana maneh bebasan sing wis kok tulis, yaiku "adigang, adigung, adiguna" iku nggambarake wong kang sombong, ngendelake kesugihan, kekuatan lan kepinteran, mula ora kena ditiru amarga kuwi ora apik. Prayogane urip kang prasaja wae.(apa adanya).

- Aku seneng amarga an sing nggarap tugasmu ngango tulisan aksara jawa, kuwi nandhak-ake yen anggonmu sinau basa jawa bener-bener semangat. Mula perlu dibacutake kareben budaya jawa iki bisa dilestarek-ake. Budaya jawa kuwi kena diarani budaya kang adiluhung (tinggi), duwe aksara lan tulisan dhewe, duwe tatanan basa lan ciri khusus. Coba ning pasinaon wangsalan, mbok menawa kuwi ora ana ning basa liya, kayata "njanur gunung" (janur gunung kuwi diarani "aren", mula njur tegese kadingaren/tumben), ana maneh "mbalung janur" (balung/tulang janur, janur kuwi godhong klapa jenenge sada, mula banjur ditegesi "usada/upaya". Isih akeh ya sing kaya ngono mau.

- Isih akeh maceme rura basa ing budaya jawa iki kang ora diduweni basa liya, ana "purwakanthi, saloka, pepindhan, parikan, cangkriman" lan liya-liyane. Umpamane, ana tembung "sapa sing salah, seleh". tegese wong tumindak/berbuat salah, mesti bakal seleh (ketahuan) wekasane (akhirnya). "sapa sing weweh bakal wuwuh". tegese orang memberi (weweh) akan mendapat tambah (wuwuh).

- Basa rinengga ing kabudayan jawa mau padhatan ana gandheng rentenge (keterkaitannya) karo ajaran agama (utamane Al Qur'an). Contone "becik ketitik ala ketera" ana sesambungane karao ayat "wakul ja'al haqu wa jahaqol bhatil, innal bhatila kana jahuqa" (katakanlah bahwa yang benar pasti benar adanya, dan yang salah tetaplah salah. Sesunggauhnya yang salah pasti akan kalah).

- Tugasmu saiki goleka tembung-tembung (ucapan) sing kerep kok temok-ake ing padinan saindhengmu (carilah kata-kata/ucapan bahasa jawa yang sering kamu dengar sehari-hari disekitarmu). Mengko yen kowe durung weruh tegese bisa disinau bareng-bareng ning kene.

- Sugeng ajar basa jawa, aja lali shalate, utamane sing limang wektu uga shalat dhuha sing wis biasa dilakoni ing sekolah kudu diterusake, lan tansah ndedonga, kareben digampangake anggonmu sinau, ngudi ilmu, uga ndonga kanggo wong tuwa lan keluargamu ben tansah pinaringan rahmat lan barakah ska Allah SWT. Amin.

Wassalamu'alaikum wr wb.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)