Kelas 6 (basa jawa / macapat)

Assalamu'alaikum wr wb

- Alhamdulillah, muga-muga kowe kabeh nganti dina iki tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat lan karaharjas saha barakah saka Allah SWT. A m i n. 

- Ayo dibacutake nyinau sesorah/wewaler/piweling (nasehat) kang kinandhut ing tembang macapat. Kepungkur wis digagas saka maskumambang, mijil, kinanthi, sinom, gambuh lan asmarandana, teruse yakuwi :

7. Durma, titi mangsa uwong yen arep bebrayan kudu bisa minangkani paugerane urip, golek sisihan/pasangan, nyukupi ubarampe kang dibutuhake, yaiku sandang, pangan lan papan. Wose durma kuwi bisa diarani darma utawa panggawe (bekerja). Ngayahi darmaning urip bisa nyengkuyung diri pribadi lan keluarga tanpa gumentung terus-terusan marang liyan.

8. Dandhang gula, gula kuwi legi/manis rasane, njur yen diolah/dimasak ing dandang/wajan dadi glali/gulali/jenang. Tegese ora mokal yen wong kang wus ngayahi darmane urip, makarya (bekerja) golek sranane (sarana) panguripan bakal entuk kamukten (kenikmatan) ing uripe. Ya kuwi kang ateges manis panguripane (kenikmatan hidup). Duwe pasangan/sisihan, duwe anak, njur putu, duwe omah (panggonan), bisa duwe tumpak-an (kendaraan), ana sing duwe pangkat/jabatan barang lan sapiturute.

9. Pangkur, tegese wis mungkur (melewati), umure wis dawa/tuwa, mula wis meh mungkasi darmaning urip, ngadepi menyang dina tembe (kehidupan selanjutnya). Cekak-e iki kanggo pepeling marang wong sing wis tuwa umure.

10. Megatruh, megat saka tembung pegat (pisah), megat tegese misah, ruh uwi nyawa, dadi megatruh kuwi pisahe nyawa karo raga (mati). Pungkasane uripe manungsa ing alam donya iki, yakuwi mati. Gelem ora gelem manungsa utawa apa bae kang duwe nyawa bakal mati (kulu nafsin dza-ikatl maut). Banjur teruse piye ?

11. Pocung, wong sing wus tumekane pati, njur dirawat, dibuntel lawon (dibungkus kain mori/dikafani), ditaleni ndukur sirah (pocong), tengah lan ngisor dlamakan sikil. Diiring menyang kuburan (dikubur).

- Kuwi mau 11 tembang pucung minangka wewaler (pelajaran) kanggo wong urip ning alam ndonya. Kabeh mau mengku karep kanggo pangemut awak-e dhewe kabeh ben bisa ngati-ati sak jroning urip bebrayan ing ndonya iki, aja nganti getun ing tembe (menyesal kemudian).

- Saiki coba wangsulana pitakon ing ngisor iki !

1. Barang sing ngetampul ing banyu kuwi bisa diarani apa ? (bisa kok deleng ing macapat angka1)

2. Barang sing jumedhul saka nggon singidan bisa diarani apa ? (macapat angka 2)

3. Apa bae sing dibutuhake wong urip ? (sebutna 3 bae/ana ing macapat angka 7)

- Sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat, utamane sing limang wektu uga shalat duha sing wis biasa ditindak-ake ning sekolah, lan tansah ndedongo ing ngarsane gueti Allah SWT, kareben tansah pinarinan rahmat lan barakah, rahayu wilujeng kalis ing sambi kala. A m i n.

Wassalam'alaikum wr wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)