Kelas 6 (basa jawa)
Assalamu'alaikum wr wb.
- Anak-anakku kabeh, piye kabarmu dna iki ? muga kowe kabeh tansah pinaringan karharjan dening Gusti Allah SWT. Amin.
- Saiki kowe rak wis ana ning kelas 6 ta ? mangkane kudu tambah sregep nggonmu sinau kareben dadi wong kang migunani tumraping keluarga, nusa lan bangsa. Ing setahun pungkasan iki manfaat ake kanggo akeh-akeh nandur kabecikan, ngibadah kang utun lan nurut dhawuhe wong tuwa ibu, bapak uga ibu/bapak guru.
- Ing kalodhangan iki ayo sinau maneh babagan tembang ing basa jawa.
- tembang kuwi bisa kaperang dadi 3, yakuwi :
1. Tembang gedhe
2. Tembang Tengahan lan
3. Tembang alit. kang klebu tembang alit iki antarane yakuwi tembang "macapat".
Ayo saiki diwiwiti ajar babagan tembang macapat luwih dhisik.
- Kerep ana pitakon : tembang macapat kuwi cacahe ana pira ? wangsulane tembang macapat kuwi cacahe ana 11, apa bae ? Mas Kumambang, Mijil, Kinanthi, Sinom, Gambuh, Asmarandhana, Dhandhang Gula, Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung.
- Tembang, klebu tembang macapat kuwi duwe paugeran. Kang baku yakuwi ana kang diarani guru gtara, guru lagu lan guru wilangan.
- Guru gatra yakuwi cacahe larik utawa baris saben sak pada (paragraf)
- Guru wilangan, yakuwi cacahe wanda (suku kata) saben sak gatra (larik)
- Guru lagu, yakuwi dhong-dhinge utawa tibane swara ing pungkasan gatra (a, i, u, e, o)
- Dak kira kangnggo dina iki cukup, liya dina bisa disambung maneh. Kanggo tugas dina iki coba wangsulana pitakon ngisor iki :
1. Perangan tembang apa bae sing kok weruhi ?
2. Macapat kuwi klebu tembang apa ?
3. Coba goleka tembang pucung kang uga dadi cangkriman ! kowe bisa golek ning buku "Pepak".
- Sugeng sinau basa jawa, ajar tembang sinambi cangkriman (tebak-tebakan) ! Panggah semangat, jaga kesehatan, aja kendhat anggonmu ndedonga, mligine kanggo wong tuwamu (ibu lan bapa), aja nganti ninggalake shalat utamane kang limang wektu, uga muraja'ah, nderes Al Qur'an.Muga Allah tansak paring nugraha kanggo keluargamu kabeh, kalis ing sambi kala. A m i n.
Wassalamu'alaikum wr wb
Komentar
Posting Komentar