kelas 6 (basa jawa)

 



Assalamu'alaikum wr wb

- Alahamdulilah bisa pepanggihan maneh, muga kowe kabeh tansah pinaringankaraharjan dening Allah SWT.

- mbacutake piwulang sakdurunge babagan tembang macapat.


- TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat iku klebu golongane basa kang pinathok, kaiket wewaton warna-warna, yaiku :

1.       Guru gatra : yaiku, cacahe gatra (larik) saben sapada (satembangan).

2.       Guru wilangan : yaiku, cacahe wanda (kecap = suku kata) saben sagatra.

3.       Guru lagu : yaiku, dhong-dhinging swara (tibaning swara) saben pungkasaning gatra.

Tembang macapat iku cacahe ana 11, dene paugerane kaya ing ngisor iki :

No

Arane tembang

Macapat

Guru

gatra

Guru lagu lan guru wilangan

1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

1

Asmarandana

7

8i

8a

8e

8a

7a

8u

8a

 

 

 

2

Dhandhang gula

10

10i

10a

8e

7u

9i

7a

6u

8a

12i

7a

3

Durma

7

12a

7i

6a

7a

8i

5a

7i

 

 

 

4

Gambuh

5

7i

10u

12i

8u

8o

 

 

 

 

 

5

Kinanthi

6

8u

8i

8a

8i

8a

8i

 

 

 

 

6

Maskumambang

4

12i

6a

8i

8a

 

 

 

 

 

 

7

Megatruh

5

12u

6i

8u

8i

8o

 

 

 

 

 

8

Mijil

6

10i

6o

10e

10i

6i

6u

 

 

 

 

9

Pangkur

7

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

 

 

 

10

Pucung

4

12u

6a

8i

12a

 

 

 

 

 

 

11

Sinom

9

8a

8i

8a

8i

7a

8u

7a

8i

12a

 

 

Tuladha : Tembang Pucung

Gatra

Unine tembang

Guru wilangan

Guru lagu

1

2

3

4

Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung

Ngambah jumantara

Kaya manuk rajawali

Wira-wiri nggawa barang lan manungsa

12

6

8

12

u

a

i

a

 Tembang pocung ing nduwur kuwi uga rupa cangkriman (bedek-an/tebak-tebak-an)

Batangane (jawabane) cangkriman mau yakuwi montor mabur (pesawat tebang)

Saiki coba tembang pocung ngisor iki unggaren kaya tuladha ing nduwur !

- Bapak pucung amung sirah klawan gembung           

- Padaha di kunjara

- Mati sajroning ngaurip

- Mijil baka si pucung dadi dahana.

Yen duwe pepak kowe bisa nggoleki ning kana utawa LKS sing ndisik-ndisik ya ana.

Sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat, utamane sing limang waktu, tansah ndedonga, mligine kanggo wong tuwamu. Muga Allah tansah paring barokah seger waras, rahayu wilujeng, nir ing sambi kala. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)