Kelas 6 (basa jawa)

 Assalamu'alaikum wr wb.

- Alhamdulillah anak-anak ku kabeh, bisa mbacutake maneh sinau basa jawa, muga-muga kowe kabeh lan keluargamu tansah pinaringan rahmate gusti Allah, pinaringan kesehatan lan tansah ana ing pangayoman-NE, amin. Mula aja lali tansah ningkatake ibadah, aja ninggalake shalat utamane kang 5 waktu, shalat duha lan sapiturute. Semangat terus anggonmu ngudi kawruh, ngelmu senajan mung saka ngomah.

- Dhek kepungkur wis dak wenehi paugerane tembang macapat kaya sing ana ning tabel kuwi, ana guru gatra, guru wilangan lan guru lagu lan uga ana tuladhane tembang macapat kang uga minangka cangkriman (tebakan sing ana batangane/jawabane).

- Sakbanjure ing kalodhangan iki aku pengin medharake pratikel kang winengku saka ing tembang macapat :

1. Maskumambang, iki mengku teges jabang bayi kang isih ana njero kandhutane ibu. Emas kuwi barang kang dhuwur banget regane (barang berharga) lan kumambang kuwi saka tembung kambang, tegese ana ing tengahe banyu (cairan) kang ana ing kandhutane ibu.

2. Mijil, tegese bayi mau wis lair saka gowa garbane ibu wujud jabang bayi kang lucu.

3. Kinanthi, kuwi saka tembung kanthi kang ateges dibarengi, dijaga lan dituntun, kaya bayi kang tansah diemban (digendhong) banjur yen wus umur setahun mulai ajar mlaku ning ya isih kudu dituntun ora bisa diculake dhewe, nagati yen wus bisa mlaku. Ora kandheg saka kono, nanging nganti sekolah saka TK, SD, SMP lan kala-kala nganti Mahasiswa ya isi butuh dikanthi (didamping) karo wong tuwa,

4. Sinom, mengku teges enom utawa mudha/timur iki nggambarake wong sing isih remaja (pemuda/i) kang sabaya kowe kabeh iki lan uga kakang lan mbakyumu.

5. Gambuh, bisa mengku teges wegah lan mbuh (masa bodoh). Wong sing isih sabaya kowe, bocah SMP, SMA kuwi padhatan wung golek kepenake dhewe utawa kesenengane dhewe, yen dikandhani utawa dituturi wegah, sok mbuh ora ngurus menyang kawigetening liyan. Ning mbuh uga ana sing negesi jumbuh (cocok), dadi senajan sok wegah ning ya jumbuh, cocok karo umur-umurane sing isih enom.

6. Asmarandana, saka tembung asmara kang nduweni teges rasa tresna (rasa cinta), jarwane (maksute) manungsa kuwi kanggonan rasa tresna, tresna marang apa bae, marang sak pepadane, marang kaendahan menyang donya brana lan sapanunggalane.

- Kanggo saiki dak kira cukup semene dhisik, mangko angka 6 mganti 11 bisa tak aturake ing pasinaon candhake. Kanggo tugasmu coba gawea tuladha (conto) tembang ing nduwur siji-siji wae lan cukup sak gatra bae, saka maskumambang, mijil, kinanthi, sinom, gambuh lan asmarandana. Kowe bisa golek ning endi wae, saka pepak, LKS, utawa uga ning mbah google (komplit, kabeh ana) lan tugasmu mangko bisa kok kirim menyang wali kelasmu.

- Sugeng ngayahi jejibahane siswa yakuwi sinau mempeng, terus ngudi ilmu, ngangsu kaweruh dibarengi krana ibadah, ora kendhat manembah marang Allah SWT kanthi shalat sarta ndedonga kareben tansah pinaringan barakah saka ngarsane gusti kang murbeng dumadi (Allah SWT), a m i n.

Wassalamu'alaiku wr wb   

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)