Kelas 3 (basa jawa)
Assalamu'alaikum wr wb.
- Alhamdulillah, anak-anak ku, muga-muga kowe kabeh tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat lan tansah ana ing rahmate gusti Allah SWT lan uga wong tuwamu saha keluarga mu kabeh. A m i n.
- Saiki ayo dibacutake anggone sinau basa jawa. Ing kalodhangan iki ayo nggagas babagan tetanduran. Tanduran (tanaman) kuwi uga diarani tetuwuhan (tumbuhan). mBok menawa ning omahmu ya akeh tanduran, ana sing ditandur ing latar, ana sing ning pot, luwih-luwih sing keluargane among tani, malah bisa duwe tanduran ning sawah utawa ning tegal. Ana jenise kembang, woh-wohan (buah-buahan), kulupan (sayuran) lan apanunggalane.
- Ayo saiki tanduran sing ana ning omahmu, coba sebutna apa bae ? ning omahmu ana kembang apa bae utawa ana woh-wohan (buah-buahan) apa bae ? Iki tuladhane aku duwe
- Kaya dene manungsa, tanduran(tanakam) kuwi klebu makhluk hidup kang perlu dijaga, dilestarek-ake utawa dirumat/dirawat. Kejaba bisa ndadekae kaendahan, tetuwuhan mau uga wigati banget kanggo njaga keseimbangan karesikane hawa (udara). Akeh banget manfaate (pigunane) tetuwuhan tumrap keseimbangan alam iki. Wit sing gedhe-gedhe kae oyote (akarnya) bisa nahan kareben lemah (tanah) ora longsor, nyegah banjir lan sapiturute.
Komentar
Posting Komentar