Kelas 3 (basa jawa)

 

Pasinaon 1 (minggu wiwitan September)

Assalamu’alaikum wr wb.

 

- Alhamdulillah, muga-muga kowe lan keluarga tansah pinaringan seger waras lan pangah semangat ngudi ilmu kanggo sangu urip ing donya.

Kepungkur kowe rak wis pada sinau wacan kang ana LKS ta ? akeh banget wacane, ana “Dongemg manuk lan pemburu”, “Ngoyak kupu”, “Nandur pari”, lan liya-liyane.

- Padhatan (biasanya) yen bar wacan kuwi ana pitakon (pertanyaan), nah saiki sing perlu disinau yaiku babagan (tentang) tembung pitakon (katatanya).

Tembung pitakon kuwi cirine ing mburine ana tanda pitakon (tanda tanya/ ? ). Macem-maceme yakuwi : “apa/ngapa, pira, sapa, piye/kepriye, kapan, kena apa, kaya ngapa, ning endi, menyang endi, saka ngendi”.

 - Tuladha :

1.      Apa sing digawa Yudis kae ?

2.      Sapa jenengmu ?

3.      Ning endi omahmu ?

4.      Pira cacahe dulurmu ?

Tembung pitakon (kata tanya) yen wis digandheng karo tembung liyane kaya ing nduwur mau arane malih dadi ukara pitakon (kalimat tanya)

Coba getekne, kabeh pitakon mau ing mburine ana tanda (…?) / tanda Tanya.

Saiki coba kowe gawea pitakon liyane, bebas nganggo tembung pitakon apa bae. Luwih apik maneh yen nganggo tembung pitakon sing durung ana ning tuladha.

Uga aja lali ajar maca-nulis aksara jawa sing gampang-gampang bae, kaya ta :

1.    lara mata   =   lr mt

2.    lawa sanga =  lw sz

 

______________________________________________________________________________



Pasinaon 2 (minggu kapindho)

- Kepungkur wis sinau bab tembung pitakon. Wis sak mestine yen ana pitakon (pertanyaan) kuwi kudune ya  ana wangsulane (jawabannya). Mangsuli pitakon kuwi sing apik ora nganti nyebal utawa geseh (tidak sesuai) karo pitakone.

- Umpamane, “kena apa kowe wingi kok ora ngaji ?” wangsulane umpane, amarga aku lunga.

- Tuladha (conto) liyane :

-         Piye rasane panganan/jajan kuwi ? enak, ning rada asin.

-         Kapan kowe dolan menyang omahku ? Insya Allah sesuk..

 Dadi wangsulan iku tegese (artine) jawaban. Mula mengko yen ana ukara “wangsulana pitakon iki !” tegese, jawablah pertanyaan ini.

 - Coba gatekna maneh (perhatikan lagi) wacan-wacan sing ana LKS mu, bar wacan rak kerep ana perintah (pakon) : “Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !” tegese, jawablah pertanyaan dibawah ini !

 - Ana pitakon, ana wangsulan (ada pertanyaan dan ada jawaban)

 - Saiki coba bukak-en LKS mu kaca (halaman) 18-19 !

- Wacanen wacan “nandur pari” kanthi pratitis, njur yen uwis wangsulana pitakon-e angka 1 nganti 10, tulisen ning buku catetanmu !

(bacalah bacaan “nandur pari” dengan seksama lalu jawablah pertanyaan nomor 1 sampai 10, tuli dibuku catatan !)  

Sak durunge mangsuli pitakon-e, saka wacan mau coba tulisen tembung apa bae sing kowe durung weruh tegese njur tuduh-ne !. (sebelum menjawab pertanyaan coba tulis kata apa saja yang kamu belum tahu artinya, tunjukkan !)

  

______________________________________________________________________________



Pasinaon 3 (minggu ka 3)

 

- Yen ing nduwur bab ukara pitakon (kalimat tanya), gandhengane ana ukara pakon (kalimat perintah)

Ukara pakon iku ning mburine ana tanda (!) / tanda seru (!).

- Tuladha :

1.     1.  Bukak-en bukumu !

2.      2. Gawanen tasmu !

3.      3. Tutupen cendelane !

4.     4.  Siramen kembange !

5.      5. Aja dolanan bae !

Iku sing diarani ukara pakon (kalimat perintah).

Ukara pakon iki yen dialusake dadi ukara panjaluk srana nambahi tembung tulung ing ngarep-e. (kalimat perintah jika diperhalus jadi kalimat permohonan dengan menambah kata tolong didepannya).

Tuladha :

1.     1.  Tulung tutupen cendelane !

2.      2. Tulung siramen kembange !

3.      3. Tulung jupukne sepatune bapak !

Lan sapanunggalane.

 - Kaya dene ukara pitakon, ukara pakon sok ya perlu di wangsuli/dijawab, umpamane, “tulung siramen kembange !  Inggih bu”.

- Bakune tembung pakon lan panjaluk iku padha surasane, mui akeh bangetng yen ukara panjaluk iku luwih alus lan luwih andhap asor (lebih halus dan sopan)

 - Ing saben pacelathon (percakapan), ora uwal saka ukara pitakon lan pakon. Coba setitekake yen kowe lagi caturan (berbicara) karo ibu-bapa (ayah-bunda) mu, mesti akeh banget migunak-ake ukara pitakon lan pakon.

- Tuladha :

-         Ibumu/bundamu takon : “tugas saka gurumu apa wis kok garap ?’

-         Kowe mangsuli            : “durung bun”

-         Ibumu                          : “wis, gek ndang digarap kana!”

 Saka tuladha ing nduwur mau, coba tuduhne, endi ukara pitakon lan endi sing ukara pakon !

 

___________________________________________________________________________________




 

Pasinaon 4 (kanggo minggu pungkasan/terakhir)

 

- Iki ana tuladha pacelathon, coba wacanen lan setitekake :

   -         Ibu                : “Bram …..! apa kowe wis adus ?”

-         Bramantya     : “dereng bu, awit tasih wonten bapak siram …..!”

-         Ibu                : “ya wis, mengko bar adus ndang sarapan …!”

-         Bram             : “inggih bu …!”

-         Ibu                : “dina iki kowe oleh tugas apa saka sekolah …?”

-         Bram             : “dinten menika tugasipun kegiatan padinan ing griya …!”

-         Bapak           : “bapak wis rampung Bram, kowe gek ndang adus …!”

-         Bram             : “inggih pak …!”

 - Pacelathon ing nduwur kae ana ukara pitakon lan ana ukara pakon, coba golekana endi sing pitakon, endi sing pakon !

- Kejaba kuwi, pacelathon ing nduwur uga mratelakake (menunjukkan) unggah-ungguhing basa antarane anak lan wong tuwane (ibu lan bapak-e).

Anak-anak ku, basa kuwi dadi paugeran kang luhur tumrape wong jawa, mula basa jawa kuwi bisa diarani basa kang adilihung, kebak tata karma lan trepsila (tata karma dan susila).

- Kowe kabeh yen caturan karo wong tuwa ora padha karo yen caturan karo kanca. Yen karo wong tuwa kudu ngangge basa krama, ning yen karo kanca bisa ngango basa ngoko.

mBok menawa, cukup kangge sasi iki, mengko dibacutake maneh ana ing pasinaon candhake. Aja nganti ninggalake shalat utamane sing limang wektu lan tansah ndedonga marang Gusti Allah, muga tansah paring rahmat lan barakah marang kowe lan keluargamu kabeh, muga Allah tansah maringi karaharjan, kangge wong tuwamu digampangake rejekine lan usahane. Amin. Aja lali uga muraja’ah lan apalan juz amma-ne.

 

wassalam’alaikum wr wb

 

--- nuwun ---

______________________________________________________________________________

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)