Kelas 3(basa jawa)

Pasinaon 1

__________________________________________________________________________________ 

 

Assalamu'alaikum wr wb.


- Alhamdulillah anak-anaku kabeh, muga sliramu saha keluarga tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras lanmurah rejeki.

- Ayo sinau maneh basa jawa. Dina iki sing arep digagas yakuwi bab "Pengalaman". 

- Mestine awakmu kabeh rak wis nate ngalami macem-macem ta ? Yo kabeh kedadeyan sing kok alami mau diarani 'pengalaman". Tuladhane (conto) : pengalamanmu dolanan bal-balan karo kanca-kancamu, pengalamanmu nalika diajak ibu lan bapak rekreasi, pengalamanmu nalika melu lomba, lan liya-liyane. Yen sing kok alami mau ana gandheng rentenge (keterkaitan) karo awakmu dhewe kuwi jenenge pengalaman pribadi.

- Ketepak-an didna-dina iki ana ing sasi (bulan) Agustus, mestine kowe ya nate duwe  pengalaman melu lomba agustusan ning kampungmu utawa ning sekolahan utawa ning nggon ngaji. Coba salah siji pengalamanmu melu lomba agustusan mau critak-ne maneh. mengko yenwis kok crita-ake njur critamu mau ditulis ben bisa diwaca kancamu. Apa maneh yen pengalaman-mu mau ana sing lucu-lucu, dak kira saya seru kanggo diwaca. Umpamane bae lomba nggiring bebek, nyubles plembungan (balon) isi bnyu, nglebokake dom (jarum) ing botol lan liya-liyane.

- Wis, mengko yen uwis kirimna tulisanmu mau menyang ibu guru kelasmu ! (cekak/pendek bae, ora usah dawa-dawa)

-  <  N u w u n ............. >


___________________________________________________________________________________

Pasinaon 2 (kanggo minggu ngarep)



- Ing kalodhangan iki isih ana ing sasi Agustus, yakuwi dina pengetan dina "Kamardhikan" negari kita Indonesia. Mula kita kabeh kudu nyengkuyung kamardhikan iki srana bisa ngisi karo gawe karya kang bisa gawe kemajuane nusa lan bangsa.

- Mestine ning ngarep omahmu rak wis dipasang gendera "merah-putih" ta ? semono uga ning tanga teparo utawa ning dalan-dalan. Sak lyane iku ana maneh sing wigati nalika kita mengeti dina kamardhikan iki, yakuwi ngencepake rasa "nasionalisme" kanggo awake dhewe. Ayo sapa sing wis weruh apa tegese nasionalisme ?

- Nasionalisme kuwi rasa tresna (cinta) marang apa bae sing dadi angger-anggere nusa lan bangsa, tresna (cinta) karo negara iki, seneng karo maneka kabudayane, seneng karo maneka basane lan uga karo maneka suku bangsane. Senajan beda-beda ning panggah sawiji (berbeda tapi tetap satu).

- Walau berbeda tapi tetap satu utawa sinebut "Bhineka tunggal Ika". Coba unen-unen (kalimat) iki ana ing ngendi ? Wangsulana !

- Kanggo ngantebake rasa "nasionalisme" ayo nyanyi lagu "Indonesia Raya" diterusake karo ngunek-ake (membaca) ukara-ukara "Pancasila" mestine sinambi ngadeg jejeg (berdiri tegak) lan sikap sempurna kaya yen lagi upacara kae.

- Cukup semene, mengko tugase mangsuli pitakon ing duwur lan nulis teks Pancasila kumpulne menyang guru kelas.

<   N u w u n .........!  >

___________________________________________________________________________________


Pasinaon 3 (kanggo minggu pungkasan)


- Ing minggu pungkasan sasi Agustus iki, ayo di anteb ake maneh rasa jiwa nasionalisme ning awake dhewe-dhewe, yakuwi : tresna (cinta) tanah air, tresna klawan basa (bahasa Indonesia semono uga basa jawa) uga katresnan klawan nusa lan bangsa. Amarga kabeh mau minangka rahmate gusti Allah SWT, saengga bangsa Indonesia iki bisa uwal saka penjajah-e bangsa liya.

- Kanggo ngresepi yen kamardhikan iki amarga saka rahmate gusti Allah SWT, kowe bisa maca maneh "Pembukaan Undang-undhang Dasar Negara Republik Indonesia" sing padhatan diwacak-ake petugas upacara yen lagidianakake. (cukup diwaca bae ora usah ditulis utawa diapalake, kanggo ngeling-eling kareben bisa menyukuri (mangayubagya) nikmat kamardhikan iki.

- Insya Allah mengko yen wis bisa sekolah biasa maneh, kowe kabeh bakal diajak ngleksanak-ake upacara bendera ana ning halaman sekolah kaya sing uwis-uwis kae, nyanyi lagu Indonesia Raya, ana sing ngayahi tugas ngerek gendera, dipimpin karo pembina upacara maca teks Pancasila, ana kancamu sing tugas maca pembukaan UUD 45, ana regu (kelompok) sing tugas nyanyi lagu-lagu kepangsaan lan sapanunggalane.

- Sing wigati maneh ing sasi Agustus iki, ayo pada ngeling-eling perjuangane para pahlawan sing wis berjuang nglawan penjajah saperlu nggayuh supaya "Indonesia Merdeka".

- Pungkasan, coba kowe nulisa siji bae lagu kebangsaan sak liyane Indonesia Raya, yen perlu sing kowe apal lagune, dadi nulise ora susah golek conto teks-e. Kaya biasane kumpulne menyang guru kelas.

- Sugeng sinau, semangat terus, aja lali shalat, utamane sing limang wektu ditambah shalat duha lan liya liyane, lan aja kendhat tansah ndedonga, kareben tansah pinaringan rahmat, barakah lan ampunan saka ngarsane gusti Allah SWT.     A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Kelas 3 (KM/TS)

Tip sehat ala kampung