Kelas 4 (basa jawa / pacelathon bab energi)
Assalamu'alaikum wr wb
- Alhamdulillah anak-anak ku, muga-muga kowe lan keluargamu kabeh tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat, lan tansah ana ing sajroning rahma-Te Gusti Allah SWT. A m i n.
- Dibacutake maneh anggone sinau basa jawa. Ing kalodhangan iki ayo sinau babagan pacelathon (omong-omongan/micara) mligine ing bab gemi migunakake energi, amarga ing pagesangan (kehidupan) iki energi kuwi wigati banget tumraping manungsa. Banyu, angin, sinaring surya (srengenge/matahari), listrik lan sapanunggalane dibutuhake banget kanggo pirantining ngaurip.
- Mulane sakabehing sumber energi mau kudu bisa digunak-ake kanti pratitis, ora oleh dienggo kanti boros. Piranti sing migunak-ake listri umpamane, prayogane dipatreni yen ora pinuju digawe (digunak-ake), semono uga banyu, aja nganti kabuang tanpa guna, lan sateruse.
- Nenani pacelaton, kuwi tegese wong 2 utawa luwih lagi omong-omongan (bercakap-cakap), tuladha (conto) ne, coba delengen LKS mu ing kaca (halaman) 17. Ning kono ana pacelaton ing antarane Sinta lan ibune. Lan sing diomongake bab energi, coba wacanen kanti pratitis (cermat), banjur kowe bisa mangsuli pitakon sing ana sangisore.
- Sak liyane kuwi kowe uga bisa nggawe pacelaton dewe karo sapa bae sing ana omahmu, bisa karo ibu, bapak, mbakyu, kangmas utawa adhimu, karo eyang (embah) yo oleh, ora perlu dawa-dawa, sithik bae. Tulisen ning bukumu njur laporne menyang guru kelasmu liwat WA. menyang aku langsung ya oleh.
- Wis cukup semene dhisik mengko disambung maneh ing pasinaon candhake, aja lali shalatlan muraja'ah, uga tansah ndedonga ing ngarsane Gusti Allah kanggo kowe lan keluargami, mligine wong tuwamu sakloron, kareben tansah pinaringan rahmat lan pangayoma-Ne. A m i n.
Wassalamu'alaikum wr wb.
Komentar
Posting Komentar