Kelas 4 (basa jawa)

 Pasinaon 1

___________________________________________________________________________________

Assalamu'alaikum wr wb


- Alhamdulillah, muga-muga kowe saha keluargamu kabeh tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat lan ana ing sajroning rahmat lan barakahe gusti Allah SWT. A m i .

- Dibacutake maneh anggone sinau basa jawa. Kepungkur wis ajar bab pacelaton (percakapan).Dhek wingi pacelathone bab energi. Mulane ayo dibacutake nggagas bab energi. mBok menawa kowe wis bisa nyebutake apa bae se sing dadi sumber energi kuwi ? Ayo coba dieling-eling maneh !

- Kango njlentrehake maneh, iki ana sawijining perkara (kasus), mangkene : " ibumu umbah-umbah (nyuci) ageman/busana (pakaian), kareben kumbahan (cucian) mau amrih bisa garing (kering) mangka karo ibumu banjur di-pepe (dijemur). Saiki wangsulana, energi apa sing marahi kumbahane ibumu mau dadi garing ?

- Ana teruse, sakwise kumbahane ibumu mau garing skbanjure karo ibumu digosok (disetrika) ben alus rapi sak durunge di lempit (dililpat). Energi apa sing dienggo setrika ibumu mau ?.

- Ning omahmu akeh banget piranti (peralatan) sing migunak-ake enrgi listrik, coba sebutna piranti apa bae ? tulisen ning bukumu laporne menyang guru kelasmu.

- Sugeng sinau, muga digampangake angonmu ngudi ngelmu.


-   <   N u w u n .....! >

___________________________________________________________________________________

Pasinaon 2 (kanggo minggu ngarep)


- Energi liyane, tuladha : Ning omahmu yen wengi dadi padhang amarga ana lampu, ora mung dadi padhang nanging uga isa adang sega ing magic com, ana TV, ana kulkaslan macem-macem, kuwi mau kabeh amarga saka dayane energi listrik. Apa kowe ngerteni, anane energi listrik mau di kirim saka sumbere yaiku kang diarani pembangkit tenaga listrik. Lan ing kabupaten Malang nggone awake dhewe iki ana lho sumer pemngkit tenaga listrik, ning endi ayo ? Yen durung mudheng, sapa sing wis tau menyang Karang Kates ? panggonane ana ing kecamatan Sumberpucung, ya ning kana kuwi anane sumber pembangkit mau, ya ... jenenge bendungan Karang Kates. Dak kira wis akeh ing antarane kowe sing wis tau rekreasi mrana.

- Njur sing dadi pitakonan, energi apa kang dienggo bangkitake tenaga listrik kaya ing Karang Kates mau ? coba wangsulana (jawaben) !


- Gedhe banget mufangate (manfaat) saka energi kanggo kebutuhane urip bebrayan ing donya iki, mula aja nganti energi mau kurang utawa suda, mula kabeh manungsa kudu bisa njaga amrih kalestarene sumber energi mau, irit (hemat) cara migunakake lan sak madya bae (secukupnya saja).

- Apa bae sing mbutuhake energi banyu kareben bisa diunakake kanggo srana panguripan ?

- Wis, sing dadi pitakon-pitakon ing nduwur wangsulana, tulisen ning buku njur kirimne menyang guru kelasmu.

- Sugeng sinau, muga digampangake olehmu ibadah ngudi ilmu kanggo sangu ing tembe.


-   <   N u w u n .....!  >

___________________________________________________________________________________

Pasinaon 3 (kanggo minggu pungkasn sasi Agustus)



- Babagan energi iki pancen wigati (penting) banget dimangerteni, awit gegayutan (berkaitan) karo hajating urip (hajat hidup) tumraping manungsa, kewan lan tetuwuhan amrih bisa dijaga keseimbangane.

- Kanggo njangkepi (melengkapi) kawruhmu (pengetahuanmu) babagan energi kowe bisa ndeleng LKS basa jawa kaca (halaman) 17-24.

- Garapen soal-e mbaka sithik ora susah kudu rampung sak nalika, yen perlu apa bae sing durung kok ngerteni catet-en ning buku, laporne menyang guru kelasmu, mengko ben diterusake menyang aku supaya bisa tak wangsuli lan tak jlentrehake kang luwih jero.

- Sak liyane iku, ana sing wigati maneh, aja lali uga ajar nulis nganggo aksara jawa, umpamane bae sing ana gandhengane karo babagan energi mau, tulisen ngangge aksara jawa :

1. banyu.                                   6. garing

2.. Angin                                    7. teles

3. panas                                     8. kincir

4. dham/bendungan                    9. irit energi

5. sumber                                 10. piranti

- Dak kira iku, sugeng ngayahi ibadah lan sinau ngudi ngelmu, aja lali shalate dijaga, utamane kang limang wektu, muraja'ah, uaga aja kendhat tansah ndedonga ing ngarsane gusti Allah SWT, kareben tansah pinaringan rahmat barokah lan dgampangake anggonmu sinau, semono uga kanggo wong tuwa lan keluargamu kabeh, muga tansah pinarinagn rahayu wilujeng, kalis ing sambi kala, jnangka dening Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Kelas 1 (b. Jawa /perangan awak)

Kelas 3 (KM/TS)