Kelas 5 (basa jawa /kasusastran)

 

Pasinaon 1 (minggu pertama/wiwitan)

Assalamu’alaikum wr wb

Alhamdulillah, muga-muga kowe kabeh lan keluarga tansah pinaringan seger waras lan karaharjan, dilancarake ing samubarang panggawe.

Dibacutake maneh sinau basa jawa kangge nambah kawruh ing pangajap ana manfaatlan paedahe kanggo-mu.

Pacelathon.

-         Ibu          : “Arep menyang endi ta bapak, kok njanur gunung, esuk-esuk”

-         Bapak     : “arep kerja bakti ning Bale Desa bu”

-         Ibu          : “ning ya sarapan disik lho pak”

-         Bapak     : “iya …, Pras mau apa wis siap, dheweke ya tak ajak bu !”

-         Prastyo    : “sampun pak, kula sampun sumadya”

Ana ing pacelathon mau ana ukara kok njanur gunung, iku tegese kok “kadingaren”, janur gunung iku uga diarani aren, njur tembung aren mau diemperakae karo kadingeren, padha ren-e.Tembung kaya iki mau kang sinebut wangsalan.

-         Darma     : “Dit, njenang gula lho, aja lali sesuk menyang omahku ya !”

-         Aditya     : “balung geni, mbok menawa aku ora bisa teka”

-         Darma     : “ lha kenapa ?”

-         Aditya     : “aku nderek bapak, tilik simbah, liya dina bae”

Jenang gula iku tegese glali trus diemperake karo tembung lali, balung geni tegese wawa diemperake karo tembung mbak menawa.

 

Akeh banget ukara-ukara kaya ngono mau ditemok-ake ing pacelathon padinan ing jawa iki. Mula mengko yen kowe krungu ukara-ukara kaya ngono mau ing saindhengmu (sekitarmu), coba eling-elingen lan yen kowe durung mangerteni tegese cateten njur takok-ne menyang sapa bae sing ngerti utawa menyang ibu/bapak guru.

 

Sugeng sinau …!

 


__________________________________________________________________________________

 

 

Pasinaon 2 (kanggo minggu ka 2/pindho)

 

Dina Ahad, watara jam enem esuk warga dukuh Ringinanom wis padha nglumpuk ning ngarep mushalla. Dina iku wis disepakati yen arep gotong-royong, gugur-gunung ngedekake Pos Kamling. Fajar bocah kelas 4 iku ya melu kerja bakti ning kana. Dheweke melu ngrewangi buang rereget (sampah) sing ora kanggo. Wis sawatara anggone kerja bakti nyengkut nganti adus kringet.

 

Coba wacanen wacan ing nduwur kanthi pratitis ngangge basa jawa sing apik, banjur gatekne tembung kang kacithak kandel, ing kana ana tembung gotong-royong, gugur gunung iku diarani tembung saroja, yaiku tembung loro sing padha tegese digandeng dadi siji. Banjur tembung pungkasan ing wacan mau adus kringet, iki arane tembung entar, tegese saking akehe metune kringet dadi kaya wong adus, iku mung pepindhan (pindha/kaya/seperti).

Pacelathon.

-         Bagus      : “Ngapunten budhe, badhe nyuwun pirsa !”

-         Budhe     : “Arep takon apa Gus ..?”

-         Bagus      : “Mangke Pakdhe koduripun jam pinten nggih …?”

-         Budhe     : “Biasane Ashar ngono ya wis ana omah, arep ngapa ta ?”

-         Bagus      : “Mangke menawi Pakdhe sampun lodhang kula badhe sinau bab pewayangan.”

 

Coba gatekne, ing pacelathon mau ana tembung budhe lan pakdhe, iku diarani tembung camboran, yaiki tembung loro sing dopedhot lan diringkes, budhe kuwi saka tembung ibu gedhe (mbak ayune wong tuwa, ibu/bapak), pakdhe saka tembung bapak gedhe (kangmase wong tuwa, ibu/bapak).

 

Saiki kowe gawea ukara (buatlah kalimat) nganggo karma inggil 2 bae ! (bebas)

 

---- sugeng sinau basa ----

 

 

 

 

 

Pasinaon 3 (kanggo minggu ka 3)

 

Pacelathon.

-         Ibu          : “Mir ..! apa wis rampung nggomu nyapu ..?”

-         Mirna      : “dereng bu, sekedhik malih ..”

-         Ibu          : “ya wis, tutugne, mengko yen wis rampung mrenea ..”

-         Mirna      : “inggih bu, sampun ..”

-         Ibu          : “iki dhaharan wis tak cepakne, tatanen ning meja makan ..!”

Coba setitekne pacelathon ing nduwur, basane ibu menyang Mirna iku cukup ngoko (ora basa), nanging Mirna menyang ibu kuwi nganggo basa karma. Kuwi mau diarani unggah-ungguh basa. Seje maneh yen kaya pacelathon ngisor iki.

-         Marni      : “Sin..! aku duwe cangkriman coba batangen ..!”

-         Sinta        : “ning mengko gentian lho ..”

-         Marni      : “iya ..”

-         Sinta        : “wis gek ndang, apa cangkrimanmu ..?”

-         Marni      : “anake di idak-idak, emboke dielus-elus, apa ..?”

-         Sinta        : “gampang, kuwi rak andha ta ,,!”

Sing iki antarane Mirna lan Sinta caturan cukup mung nganggo basa ngoko. Coba gatekne rak beda ta basane. Semono uga kowe kabeh, aja dipadhak-ake yen caturan marang wong kang luwih tuwa kaya ibu lan bapak utawa ibu lan pak guru.

 

Tugasmu saiki gawea cangkriman karo sapa bae kena yen ning omah ya bisa karo adi-mu, mbakyu-mu utawa kangmas-mu. Njur tulisen kaya tuladha ing dhuwur, karo kanca naji, kanca dolan ya kena. Kena uga karo ibu utawa bapak utawa simbah, nanging basane ya kudu ngangge karma.

 

Ayo ajar basa jawa kanthi sing nyenengake, kareben gampang dieling-eling. Akeh banget sing nyenengake kanggo ajar, ngangge dolanan tradisi ya bisa., mangko bisa dak andharake.

 

--- sugeng sinau ---

 

 

 

 

 

 

Pasinaon pungkasan (kanggo minggu ka 4)

 

Ing dhuwur aku kandha yen ajar basa jawa kuwi akeh sing nyenengake, klebu ngango dolanan tradisionil.

Akeh banget macem-maceme dolanan tradisionil mau, ana sing aran jemblong singit, bentengan, obak sodor, bendan, egrang, dakon, kekean (gasing-an) lan liya-liyane.

                   A                                    B                                  C                                   D 

 


                        E                                                      F                                                   G

  

Ayo ing nduwur iku ana gambar dolanan tradisi. Saiki saka gambar-gambar mau endi sing kowe ngerti arane dolanan mau, cateten ning buku, yen ngertine mung siji ya siji bae tulisen apa jenenge dolanan iku, yen weruh kabeh ya catetan kabeh.

 

Dak kira cukup, aja nnganti ninggalake shalat lan muraja’ah, tetep semangat, tansah ndonga marang panjenengane Gusti Allah SWT, muga kowe lan keluargamu kabeh, mligine wong tuwamu ibu lan bapak tansah pinaringan rahmat lan barokah, rahayu wilujeng, nir ing sambikala. A m i n.

 

Wasalamu’alaikum wr wb.

 

--- Nuwun ---

  

 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)