Kelas 5 (basa jawa)
Pasinaon 1
___________________________________________________________________________________
- Alhamdulilah, anak-anak ku, muga kowe lan keluarga kabeh tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat saka rahmate Allah SWT. A m i n.
- Yen kepungkur wis disinaoni bab, paribasan/bebasan, saloka, pepindhan lan purwakanthi sing saiki babagan parikan yen ana bahasa Indonesia diarani pantun, tuladhane (conto) :
1. "Manuk emprit mencok pager, dadi murid kudu sing pinter"
2. "Gethuk asale saka tela, yen kepethuk ati lega"
3. "Santen parutan klapa, cekap semanten atur kula"
- Kuwi mau sing mung sak gatra, ana sing rong gatra, tuladhane :
Mumpung urip ojo mung binggung. Perintahe Gusti Allah ndang lakonono
- Ya kuwi kang diarani parikan, ngene iki akah banget ning saindhengmu (sekitarmu), coba kowe bisa golek utawa takon bapak utawa ibu uga simbah, mengko rak akeh. Yen wis nemu coba tulisen ning buku.
- Apa maneh yen kowe seneng ngrungokake jula-juli lelucon kaya Kartolo cs utawa sing liya-liyane, mesti kowe bakal nemok-ake parikan-parikan macem-macem.
- Mulane dak arani ajar basa jawa kuwi gampang tur nyenengake banget, mung cukup nganggo nembang gundhul-gundhul pacul wae wis bisa ajar basa jawa. Durung maneh mengko yen nganggo cangkriman, kuwi malah bakal seru.
- Sugeng sinau basa jawa, muga digampangake olehmu ngudi ngelmu kanggo sangu ing tembe..
- < N u w u n ....! >
___________________________________________________________________________________
Pasinaon 2 (kanggo minggu ngarep)
___________________________________________________________________________________
Cangkriman
- Kaya kang wis dak andharake ing ndhuwur, ana maneh bab kang nyenengake kanggo sinau basa jawa yakuwi cangkriman, yen ing bahasa Indonesia diarani tebak-tebakan. Mangkane yen lagi gawe cangkriman ben luwih seru ya kudu ana kancane, amarga yen ana cangkriman mestine ya kudu ana sing mbatang (nebak), bisa wong 2, wong telu utawa luwih.
- Tuladha :
1. Yen ibune siji, anak-e loro, yen ibune loro anak-e mung siji, lan yen ibune telu ora duwe anak, apa ? (batangane yakuwi salak)
2. Ana tulisan arab macane saka ngendi ? (batangane saka alas, macan- e)
- Kowe ya bisa gawe cangkriman dhewe sing macem-macem, ning welingku nek gawe cangkriman sing apik-apik bae, aja sing saru-saru, nek perlu sing ana surasane karo bab pendidikan.
- Mengko uga ana cangkriman sing wujud tembang, biasane ngangge tembang pucung.
- Wis saiki coba kowe gawea cangkriman bebarengan karo adimu utawa mbakyumu, kangmasmu utawa sapa bae sing ana omahmu, ajak-en dolanan cangkriman, karo kancamu dolan ya ora apa-apa.
- Sugeng sinau basa jawa, srana cangkriman sambi gojek (bercanda) bebarengan karo keluarga utawa kanca.
- Muga tansah digampangake anggonmu ngudi ilmu lan semangat terus, jaga kesehatane, jaga shalate.
- < N u w u n ....! >
__________________________________________________________________________________
Pasinaon 3 (kanggo mingu pungkasan sasi Agustus)
___________________________________________________________________________________
- Cangkriman tembang.
- mBacutake piwulang kepungkur ngenani cangkriman. Iki aku duwe cangkriman sing rupa tembang pucung, yen kowe bisa nembangke ya malah luwih prayoga (lebih bagus)
Isi gula jawa
Dipangan sajak mirasa
Mung ing jawa panganan iki kang ana.
Tutuk ira panpesagi
Dina dina si pucung mangan buntut ira
- Ayo coba sapa sing bisa mbatang (nebak) cangkriman pucung ing nduwur ?
- Sinambi dolanan cangkriman lan nembang pucung, aja lali uga ajar nulis nganggo aksara jawa, sing gampang-gampang bae, umapane sing ana sesambungane karo pasinaon iki. Tulisen ning buku !
1. parikan jawa 6. dadi murit
2. cangkriman pucung 7. gula jawa
3. gethuk tela 8. parutan santen
4. saka puhung 9. tanpa untu
5. darbe siung 10. nulisaksara
- Dak kira cukup kangge piwulang sasi iki, sepiasn maneh muga kowe tetep semangat, aja nganti ninggalake shalat, mligine sing limang wektu uga shalat duha lan muraja'ah, aja kendhat olehmu ndedonga muga gusti Allah tansah paring pengayoman lan digampangake sinau, marang wong tuwamu muga tansah pinaringan barakah, murah rejeki lan rahayu wilujeng. A m i n.
Wassalamu'alaikum wr wb.




Komentar
Posting Komentar