Postingan

Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Gambar
Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdulillah, muga kowe kabeh lan keluarga tansah pinaringan rahmat saka Allah SWT, tansah sehat lan semangat sakjroning ngayahi jejibahan ngibadah lan ngudi ilmu.  - Sakbanjure, kaya sing wis tak wedarake ing kelas dhek wingi, babagagan kesenian jawa "pagelaran (pertunjukan) wayang kulit". - Sak ora-orane ana perangan kang kudu ana : -  angka 1 , dalang : yakuwi wong kang nglakoake wayang. - angka 2 , wiyaga/nayaga/niyaga/yaga , yakuwi wong kang kadapuk ngunekake gamelan (pemusik) - angka 3 , sinden utawa warangggana , yakuwi juru tembang utawa wong kang bageyan nembang. - Isih akeh maneh perangan kang ana ing babagan pagelaran wayang kulit mau ning sing paling baku ya telu mau. - Coba gatekna gambar ngisor iki ! - Tugasmu, wangsulana pitakon ing ngisor iki ! - 1. Gamelan apa bae kang bisa muni krana disebul ? - 2. Gamelan apa bae kang bisane muni krana dithuthuk ? - 3. Gamelan apa kang bisane muni marga ditapuki/dikeplaki ? - 4. Ing gambar kae

Kelas 4 (basa jawa)

Gambar
PASINAON 1 (Oktober I/wiwitan) __________________________________________________________________________________ Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdlillah, muga kowe kabeh tansah pinaringan seger waras sehat, kinayoman dening ahmate Allah SWT, uga keluargamu kabeh, mligine wong tuwamu sak kloron, tansah digampangake ing sakjroning ngayahi jejibahan. - Ayo dibacutake maneh sinau basa jawa. Ing kene arep dak andharake maneh ngenani pakaryan (pekerjaan). Coba delengen gambar ing ngisor iki ! - Iku kang diarani pakaryan ulah tetanen, wong kang makarya dadi tani diarani pak tani. Apa kang di asilake ulah tetanen iki baku banget tumrape panguripan, amarga ngasilake bahan pangan. - Pari, jagung, klapa, lombok, sayur, buah lan apa bae kebutuhan urip akeh kan diudaneni ska ulah tetanen. - Kaya tuldha gambar nduwur kuwi, para tani kang lagi ana ing sawah ing sak tengah-tengahing tanduran pari, pari kuwi mengko yen wis ditandur watara 3-4 sasi banjur dipanen, wijine njur dipisahake saka gagang l

Kelas 3 (basa Jawa - tembang)

Gambar
PASINAON 1 (Oktober wiwitan) ___________________________________________________________________________________   Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdulillah, muga kowe tansah bagas waras an ing sak jroning pangayoman rahmate gusti Allah SWT, semono uga ibu saha ramamu lan keluarga kabeh tansah jinangkung ing pangayomane Gusti, a m i n. - mBacutake sinau basa jawa, ayo saiki ajar sarana ngango tembang (nyanyi), coba gatek-ake (perhatikan) tembang ngisor iki : dondong apa salak, duku cilik-cilik andhong apa mbecak, mlaku thimik-thimik adhi nderek ibu, tindak menyang pasar ora pareng rewel, ora pareng nakal mengko ibu rawuh, ngasta oleh-oleh, kacang karo roti adhi diparingi - 1. Saka tembang ing nduwur, saiki coba golek-ana jenise woh-wohan (buah-buahan) apa bae kuwi ? - 2. ing tembang mau ya ana tembung kacang, kacang kuwi akeh maceme, coba sebutna, kacang apa bae ! - 3. Andhong kuwi jenise apa ? - 4. "Mengko ibu rawuh" tegese/artine apa (oleh nganggo basa Indonesia) - 5. &qu

Kelas 5 (basa jawa /kasusastran)

Gambar
  Pasinaon 1 (minggu pertama/wiwitan) Assalamu’alaikum wr wb Alhamdulillah, muga-muga kowe kabeh lan keluarga tansah pinaringan seger waras lan karaharjan, dilancarake ing samubarang panggawe. Dibacutake maneh sinau basa jawa kangge nambah kawruh ing pangajap ana manfaatlan paedahe kanggo-mu. Pacelathon. -          Ibu          : “Arep menyang endi ta bapak, kok njanur gunung, esuk-esuk” -          Bapak      : “arep kerja bakti ning Bale Desa bu” -          Ibu           : “ning ya sarapan disik lho pak” -          Bapak      : “iya …, Pras mau apa wis siap, dheweke ya tak ajak bu !” -          Prastyo     : “sampun pak, kula sampun sumadya” Ana ing pacelathon mau ana ukara kok njanur gunung , iku tegese kok “kadingaren”, janur gunung iku uga diarani aren, njur tembung aren mau diemperakae karo kadingeren, padha ren-e.Tembung kaya iki mau kang sinebut wangsalan. -          Darma      : “Dit, njenang gula lho, aja lali sesuk menyang omahku ya !” -       

Kelas 4 (basa jawa)

Gambar
Pasinaon 1 (minggu sepisan/1 sasi September) Assalamu’alaikum wr wb . - Alhamdulillah, muga kowe kabeh tansah pinaringan seger waras, sehat lan tetepa semangat anggonmungudi ilmu kangge sangu donya lan akhirat. Muga Allah tansah ngayomi. Amin. -  Ing kalodhangan iki ayo dibacutake sinau basa jawa. Ing tanah jawa kuwi akeh banget crita rakyat, ing antarane, “Ande-ande lumut”, “Timun Mas”, “Jaka kendhil” lan liya-liyane. - Akeh uga crita rakyat mau kang pungkasane dadi aran (jeneng), skperangan maneh dadi aran desa utawa daerah. Kutha Banyuwangi, ayo sapa sing wis nate lunga menyang Banyuwangi ? jeneng kuwi mau asale ya saka crita rakyat. -  Ana maneh daerah/desa Tengger, sing ana ning ereng-erenge gunung Bromo, yen saka Tumpang kene liwat Wates munggah ngliwati desa Kunci, Gubuklakah. Dak kira ing antarane kowe kabeh wis akeh sing nate rekreasi menyang gunung Bromo, ing saindhenging kono masyarakate ya diarani masyarakat suku tengger. Sing ngerti apa “tengger” kuwi ? tengger iku