Kelas 5 (basa jawa)
Pasinaon 1 ___________________________________________________________________________________ Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdulilah, anak-anak ku, muga kowe lan keluarga kabeh tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat saka rahmate Allah SWT. A m i n. - Yen kepungkur wis disinaoni bab, paribasan/bebasan, saloka, pepindhan lan purwakanthi sing saiki babagan parikan yen ana bahasa Indonesia diarani pantun, tuladhane (conto) : 1. "Manuk emprit mencok pager, dadi murid kudu sing pinter" 2. "Gethuk asale saka tela, yen kepethuk ati lega" 3. "Santen parutan klapa, cekap semanten atur kula" - Kuwi mau sing mung sak gatra, ana sing rong gatra, tuladhane : 4. Potong rambut jenenge cukur. Model anyar kaya jambul singa Ayo sedulur pada sing akur. Gotong royong ngrewangi tangga. 5. Goreng tempe nyumet geni. Tempe kanggo suguh manten Wong tuwo kudu diajeni. Dadi bocah sing pangerten. 6. Gunung Merapi Gunung Galunggung. Endah pemandangan...