Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2021

Kelas 6 (basa jawa / macapat)

Gambar
Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdulillah, muga-muga kowe kabeh nganti dina iki tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat lan karaharjas saha barakah saka Allah SWT. A m i n.  - Ayo dibacutake nyinau sesorah/wewaler/piweling (nasehat) kang kinandhut ing tembang macapat. Kepungkur wis digagas saka maskumambang, mijil, kinanthi, sinom, gambuh lan asmarandana, teruse yakuwi : 7. Durma , titi mangsa uwong yen arep bebrayan kudu bisa minangkani paugerane urip, golek sisihan/pasangan, nyukupi ubarampe kang dibutuhake, yaiku sandang, pangan lan papan. Wose durma kuwi bisa diarani darma utawa panggawe (bekerja). Ngayahi darmaning urip bisa nyengkuyung diri pribadi lan keluarga tanpa gumentung terus-terusan marang liyan. 8. Dandhang gula , gula kuwi legi/manis rasane, njur yen diolah/dimasak ing dandang/wajan dadi glali/gulali/jenang. Tegese ora mokal yen wong kang wus ngayahi darmane urip, makarya (bekerja) golek sranane (sarana) panguripan bakal entuk kamukten (kenikmatan) ing uri

Kelas 5 (basa jawa/kasusastran)T

Gambar
Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdulillah, anak-anak ku kabeh, muga-muga dina iki kowe lan keluarga tansah pinaringan rahayu wilujeng, bagas waras sehat lan karaharjan saha barakah saka Allah SWT. - Sak durunge wis disinau bab paribasan/bebasan lan wangsalan. Lan tugas sing wis kok kumpulake dak kira kabeh apik-apik, ning sing perlu kok gatekake saka kabeh sing kok tulis mau, prayogane kowe ngerti lan paham apa sing dikarepake, kaya tuladhane bebasan : "becik ketitik ala ketara" iku minangka piweling/pitutur kanggo kita kabeh klebu kowe, aja nganti seneng tumindak ala (buruk) ananging senenga gawe kabecikan (kebaikan), amarga sing ala lan sing becik kuwi bakal dititeni liyan. Ana maneh bebasan sing wis kok tulis, yaiku "adigang, adigung, adiguna" iku nggambarake wong kang sombong, ngendelake kesugihan, kekuatan lan kepinteran, mula ora kena ditiru amarga kuwi ora apik. Prayogane urip kang prasaja wae.(apa adanya). - Aku seneng amarga an sing nggarap tugasmu ngang

Kelas 3 (basa jawa / ajar maca)

Gambar
  Assalamu'alaikum wr wb . - Alhamdulillah anak-anak ku kabeh, dina iki bisa mbacutake sinau basa jawa. Muga kowe kabeh lan keluargamu tansah pinaringan kesehatan lan rahmate Allah SWT. Tansah semangat angonmu ngudi ilmu kanggo sangu urip ana ing ndonya uga ning akherat mbesuk. - Kaya gladen kepungkur, kowe kabeh sinau maca ing basa jawa. Pancen ya rada beda antarane basa jawa lan bhasa Indonesia utawa bas liyane. Tuladhane (contone), ana tulisan loro lan lara, iki beda banget yen tulisan loro kuwi tegese angka 2, ning yen tulisane lara iku tegese sakit (basa Indonesia). Semono uga yen ana tulisan coro lan cara, yen coro kuwi jenenge kewan (kecoak = bahasa Indonesia), ning yen cara iku ya cara umpamane carane gawe layangan (cara bikin layang-layang), carane gawe jajan (cara bikin kue) lan liya-liyane. - Saiki coba bukak-en LKS mu basa jawa, ing kaca (halamnan 10) ana wacan apik kang irah-irahane (judule) "Wohing Kekancan", wacanen kanthi pratitis (cermat), ing wacang mau

Kelas 4 (basa jawa /geguritan)

Gambar
  Assalamu;alaikum wr wb . - Alhamdulillah, anak-anakku kabeh bisa mbacutake sinau basa jawa maneh. Muga-muga kowe kabeh lan keluarga tansah sehat, pinaringan rahmat uga barakah saking arsane Allah SWT, amin. - Kepungkur wis diwiwiti sinau babagan geguritan, dak kira kowe kabeh wis bisa ajar piye carane maca geguritan sing bener, miturut karepe, kaendahan maca lan ngresepi kanti apik. Kowe lan sapa bae uga bisa gawe geguritan dewe, amarga geguritan kuwi ora kudu kaiket dening paugeran (aturang) sing neka-neka. Anggere ukarane wis kok susun njur diwaca kanti wacang kang endah wis bisa mujudake geguritan. - Saiki coba bukak-en LKS mu basa jawa, ana ing kaca (halaman) 8, ning kono ana tuladha geguritan sing apik, irah-irahane (judule) "Gotong royong". Coba wacanen kanthi pratitis nganggo cara maca kang endah (membaca indah), njur setitek-ake wosing (isining) geguritan. Tugasmu golekana tembung apa bae ing geguritan mau kang kowe durung ngerti tegese (artine), catet-en kabeh, kir

Kelas 5 (basa jawa)

Gambar
  Assalamu'alaikum wr wb . - Alhamdulillah, anak-anakku kabeh, bisa mbacutake sinau basa jawa, muga kowe kabeh tansah seger waras ora ana sawiji apa, tansah pinaringan rahmate gusti Allah SWT uga wong tuwamu lan keluargamu kabeh, amin. - Dhek kepungkur wis dak aturake babagan paribasan utawa bebasan, saiki arep dak bacutake karo tembung wangsalan. -Wangsalan, saka tembung wangsulan (jawaban), yakuwi unen-unen kang diwenehi kaya cangkriman kang wangsulane memper karo tegese unen-unen. Ana uga kang ngarani unen-unen kaya cangriman nanging batangane/wangsulane/jawabane wis disebut sisan krana sandi/tersirat (samar/bukan sebenarnya) Tuladha : "sarung jagung, a bot entheng lakonono" sarung jagung kuwi sing dikarepape kulite jagung kang aran klobot, njur saka tembung klo bot mau digathuk ake karo tembung abot. - Ana maneh unen-unen, "kok mbalung janur, paring u sada wong kang nandang wuyung" . Balung janur, janur kuwi godhong klapa sing isih enom, godhong klopo ku

Kelas 6 (basa jawa)

Gambar
  Assalamu'alaikum wr wb . - Alhamdulillah anak-anak ku kabeh, bisa mbacutake maneh sinau basa jawa, muga-muga kowe kabeh lan keluargamu tansah pinaringan rahmate gusti Allah, pinaringan kesehatan lan tansah ana ing pangayoman-NE, amin. Mula aja lali tansah ningkatake ibadah, aja ninggalake shalat utamane kang 5 waktu, shalat duha lan sapiturute. Semangat terus anggonmu ngudi kawruh, ngelmu senajan mung saka ngomah. - Dhek kepungkur wis dak wenehi paugerane tembang macapat kaya sing ana ning tabel kuwi, ana guru gatra, guru wilangan lan guru lagu lan uga ana tuladhane tembang macapat kang uga minangka cangkriman (tebakan sing ana batangane/jawabane). - Sakbanjure ing kalodhangan iki aku pengin medharake pratikel kang winengku saka ing tembang macapat : 1. Maskumambang , iki mengku teges jabang bayi kang isih ana njero kandhutane ibu. Emas kuwi barang kang dhuwur banget regane (barang berharga) lan kumambang kuwi saka tembung kambang, tegese ana ing tengahe banyu (cairan) kang ana i

Bal Wesi

Gambar
 BAL WESI Oleh : Bambang Efendi      Rafi adalah seorang murid Kelas 5 SD Muhammadiyah Tumpang. Dia tergolong anak yang rajin dan memiliki nilai akademis diatas rata-rata. Namun postur tubuhnya yang tambun membuatnya agak lamban dalam bergerak. Namun demikian tidak mrngurangi keceriaannya ketika dia bersosialisasi dengan teman-temannya.      Sebagai seorang anak yang hidup di bumi Arema, Rafi juga sangat mengidolakan klub sepak bola asal Malang itu. Boleh dibilang dia bersama dengan teman-temanya adalah Aremania cilik disekolah, berbagai atribut Arema mereka miliki.       Pada suatu pagi usai shalat subuh, Rafi ketiduran. Pada hal biasanya dia langsung mengemas peralatan sekolahnya sebelum mandi dan sarapan lalu berangkat sekolah. Karena belum melihat Rafi keluar kamar, ibunya segera kekamar dan berniat membangunkannya, sesampai dikamar ibunya mendekati Rafi yang saat itu sedang mengigau menyebut Arema…….arema…… Tatkala terbangun Rafi ngomong pada ibunya bahwa dia ingin menjadi pemain

Kelas 3 (basa jawa/latihan maca)

Gambar
  Assalamu'alaikum wr wb - Anak-anak ku kabeh piye pawartamu dina iki ? muga kowe kabeh tansah bagas waras, tetep semangat lan istiqamah anggonmu ibadah uga sakjroning ngudi ilmu, senajan mung sinau saka omah. - Saiki kowe kabeh wis lungguh ana ing kelas 3, mula ya kudu saya mempeng anggonmu sinau, kareben mbesuk gampang olehmu ngayahi jejibahan urip ing donya apa dene ning akherat. - Pamujiku, supaya kowe kabeh digampangake dening Allah anggonmu ngangsu kawruh. - Ing wiwitan iki, ayo padha sinau maca nganggo basa jawa, kowe bisa maca wacan, dongeng uga crita apa bae sing ana ing bukumu LKS wiwit saka kelas 1 lan kelas 2. Bisa uga maca lan nembang basa jawa sing wis nate disinaoni sak durunge, kaya ta : ana tembang menthok-menthok, dhondhong apa salak, pitik tukung lan sapanunggalane. Ing LKS kelas 3 iki yo akeh banget wacan sing bisa kok sinaoni. - Coba wacanen kanthi pratitis wacan babagan dongeng manuk lan pemburu ing LKS kaca 3 lan 4, yen wis paham lan ngerti isine dongeng dak

Kelas 4 (geguritan - basa jawa)

Gambar
  Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdulilah, anak-anak ku kabeh, mentas prei akhir tahun, dina iki bisa ketemu maneh ing piwulang basa jawa. Piye ? kowe kabeh rak ya apik-apik bae ta ? Muga-muga Gusti Allah tansah paring karaharjan marang kowe kabeh lan uga keluargamu rahayu wilujeng kalis ing sambi kala. - Saiki sliramu wis lungguh ana ing kelas 4, mula ya kudu tambah sregep anggonmu sinau lan ngibadah marang Gusti Allah, nurut marang wong tuwa, nggatekake piwulange ibu/bapa guru. - Ing kalodhangan iki ayo pada sinau babagan Geguritan . Apa ta geguritan kuwi ? -  Geguritan yaiku puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumatok. Bebas jumlah larik saben pada (bait), bebas jumlahe pada, lan bebas pilihan tembung kang digunakake. Sing penting isine mentes lan pantes. - Tuladha : Kangenku Wis sawatara suwe angggonku jenak ning omah  Sinau ya saka ngomah Ujare kandha yen lsaiki lagi ana wabah wabah kang aran korona Sejatine aku ya durung mudhe

kelas 6 (basa jawa)

Gambar
  Assalamu'alaikum wr wb - Alahamdulilah bisa pepanggihan maneh, muga kowe kabeh tansah pinaringankaraharjan dening Allah SWT. - mbacutake piwulang sakdurunge babagan tembang macapat. - TEMBANG MACAPAT Tembang macapat iku klebu golongane basa kang pinathok, kaiket wewaton warna-warna, yaiku : 1.        Guru gatra : yaiku, cacahe gatra (larik) saben sapada (satembangan). 2.        Guru wilangan : yaiku, cacahe wanda (kecap = suku kata) saben sagatra. 3.        Guru lagu : yaiku, dhong-dhinging swara (tibaning swara) saben pungkasaning gatra. Tembang macapat iku cacahe ana 11 , dene paugerane kaya ing ngisor iki : No Arane tembang Macapat Guru gatra Guru lagu lan guru wilangan 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 1 Asmarandana 7 8 i 8 a 8 e 8 a 7 a 8 u 8 a