Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2020

Kelas 1 (b. Jawa /perangan awak)

Gambar
Assalamu'alikum wr wb. - Anak-anaak ku ayo sianu basa jawa maneh, ing kalodhangan iki bakal dak bacutake nyinau perangan awak (anggota tubuh). - Pitakonan sing dhek wingi apa wis diwangsuli, aku pitaya (percaya) mesti uwis. - dhek wingi ana pitakonan perangan awak sing kanggo ngrasak-ake, legi apa kecut, pait, seger, anyep pedes lan sapanunggalane iku, diarani ilat (lidah) - Ilat kuwi panggonane ana ning njero tutuk utawa lathi utawa lesan (mulut), tutuk/lathi kuwi kedadean saka lambe 2 ngior lan nduwur. - Yen kanggo janma manungsa diarani tutuk/lathi utawa lesan, ananging yan kanggo sato kewan ora kena dibasaake tutuk/lathi utawa lesan nanging cangkem , iso uga diarani congor, ning ora saben kewan duwe cangkem utawa congor, pitik lan  manuk arane cucuk , njur  bebek, menthok lan banyak arane cocor . - cangkem, cucuk lan cocor kewan gunane mung kanggo mangan lan ngetoake suwara sing saben kewan beda-beda arane. - Tutuk/lathi utawa lesan-e janma manungsa , kejaba kanggo m

Kelas 2 (b. Jawa /pakaryan)

Gambar
 Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-anakku ajar basa jawa maneh ya ! Apa pitakonan dhek wingi wis diwangsuli ?  - Kaya kowe kabeh iki, bocah sekolah kuwi diarani murid utawa siswa. Lan ibu-bapa sing mulang utawa ngajari kowe ning sekolah, kuwi diarani guru. Murid lan guru iku ya kagolong pakaryan, amarga sakloron mau uga ngayahi jejibahan lan pakaryan. - Bapa-ibu guru duwe pakaryan mulang, lan kowe duwe pakaryan utawa jejibahan sinau utawa belajar. - Nah didi murid iku ya wis wajibe yen kudu tansah sinau/ajar, sinau babagan apa bae, bakune sinau sing migunani kanggo kabecik-an. Yen taberi (sregep) sinau wekasane dadi pinter. Kowe kabeh rak kepingin dadi wong sing pinter ta ? Mankane aja nganti kendhor anggonmu ngudi ilmu lan kawruh. - Ibu-bapa guru ning kene duwe pakaryan/jejibahan mulang kowe kareben kowe kabeh dadi wong pinter lan migunani tumrap masyarakat, bangsa, negara lan uga agama. wigatine kareben kowe kabeh dadi wong kang shaleh lan shalihah. - Bapak-ibu dokter lan juru rawat

Kelas 3 (b. Jawa)

Gambar
Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-anakku ayo dibacut-ake siau basa jawa. - Dhek wingi wis sinau babagan kewan lan ingon-ingon. - Dadi perangane sato kewang kuwi, anasing diarani kewan ingon-ingon lan kewan galak. - Sato kewan uga diperang (dibagi) maneh, ana kewan darat, kewan segara lan kewan angkasa. - Kewan segara yakuwi bangsane iwak-iwakan, yensing bisa ngegana  utawa miber/mabur iku bangsane manuk. - Bangsane manuk kuwi bisa mabur amarga duwe suwiwi (sayap), dadi sing kanggo mabur/miber kuwi arane suwiwi. - Bebek, menthog, banyak, pitik ya duwe suwiwi, senajan mabure ora bisa adoh, ning isa mabur. - Kewan segara utawa kewan sing urip ning banyu kuwi mesti bisa nglangi (renang), dadi kanggo mlaku sak jroning banyu kuwi diarani nglangi (renang) - Ana maneh kewan sing sing ora duwe suwiwi lan sikil, kewan iki mlakune diarani mramba t , yakuwi ula, cacing lan bekicot, ning ana uga kewan yen mlaku diarani mrambat yakuwi uler. Uler kuwi ana sing ora duwe sikil nanging ya ana sing

Kelas 4 (kabudayan jawa)

Gambar
 Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-anakku ayo dibacutke siau basa jawa. - Dhek wingi wis nyinau kabudayan jawa lan tetabuha  utawa gamelan. - Saiki ayo disinau babagan budaya utawa seni tradisi jathilan, yen saiki kowe kerep ngarani jaranan. - Jathilan/jaranan kuwi ngemu pitutur kasatriane para prajurit kang lagi ulah kaprawiran. Prajurit utawa para ksatria mau digambarake nunggang jaran lan ana sing ora nunggang jaran lan kabeh nggawa gegaman (senjata) . Gegamane yakuwi panah, keris, tumbak, pedhang sak tamenge lan liya liyane. - Jathilan iki menawa dimain-ake utawa dilakok-ake kanthi bener dadi lan endahe, sing ora kena kuwi yen dimain-ake karo kalap (kesurupan), amaraga kuwi main bebarengan karo setan, njur wonge bisa kalap lan ngamuk ilang sipat kamaungsane, memba-memba dadi apa bae kaya patrape setan malah kerep memba bangsa kewan, lha ya kuwi sing ora kena. Ditambahi maneh ana bathengane. Ora kaya ngono kuwi. - Jathilan kuwi uga ditabuhi nganggo gamelan, ning gamelane ora jangk

Kelas 5 (b. Jawa)

Gambar
 Assalamu'alaikum wrwb. - Anak-anakku ayo dibacut-ake sinau basa jawa. - Ana sawetara panggonan kang perlu diweruhi :  1. Alun-alun, iki panggonane ana ning tengah kutha, padhatan (biasane) ning tengahe ana banyu sing muncrat mendhukur diarani "Air Mncur". 2. Coban, yakuwi banyu sing ceblok saka nduwur mengisor padhatan diarani "air terjun", ning saindhenging (sekitar) tlatah (daerah) mu iki akeh banget, ana coban Pelangi, coban Tarzan, cobang jahe lan liya liyane. 3. Pesisir (pantai) kuwi pinggirane segara (laut), sing kerep kowe ngerti ning tlatah kene yakuwi, pesisir Pasir Putih, nJala Sutra, Bale Kambang, Sendhang Biru (sak dawane Bale Kambang - Sendhang Biru kuwi ana akeh pesisir sing cilik-cilik) lan liya liyane. 4. Ara-ara (elinga aksara a diwaca o), yakuwi tanah sing amba (tanah lapang). 5. Latar lan pekarangan, yen latar kuwi ana ning ngarep omah (halaman), yen pekarangan dununge (letaknya) ning mburi omah utawa sak kiwa-tengene (sisih) omah (sebelah ru

Kelas 6 (b. Jawa/prahara)

Gambar
 Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-anak ku ayo dibacutake sinau basa jawa. - Ana sing wis mangerteni, apa prahara iku ? - Prahara kuwi tegese bencana yen ing bahasa Indonesia. Akeh maceme prahara ing antarane : 1. Prahara gunung mbledhos (njeblug), banjir, longsor, angin lesus (puting beliung), lindhu (gempa), kobongan (kebakaran). 2. Paceklik , yakuwi larang pangan (bahan makanan) utawa angel golek bahan pangan kaya beras, jagung, gula lan liya liyne, kahanan iki biasane a. marga para among tani ora bisa panen krana mangsa (musim) sing ora apik. Kahanan kaya ngene iki saikai wis ora pati ana amarga wis akah barang sing bisa ditekak-ke saka manca negara (import). 3. Pageblug , yakuwi prahara anane penyakit kaya saiki iki (wabah yen ing bahasa Indonesia), istilah sing umum maneh yakuwi "pandemi". Kahanan iki amarga lagi ana wabah penyakit nular sing mbebayani lan ganas. Coba sapa sing weruh saiki iki lagi ana wabah penyakit apa ? - Coba saiki golek-a maneh prahara apa bae

Kelas 6 (KM)

Gambar
 Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-anak sekalian coba siapa diantara kalian yang mengenal foto di bawah ini ? - Beliaulah pendiri Muhammadiyah, namanya KH. Ahmad Dahlan - Banyak sekali tokoh-tokoh Muhammadiyah yang juga menjadi orang penting di Indonesia ini, sejak jaman penjajahan hingga kemerdekaan dan sampai sekarang ini. Jika kalian sering mendengar nama-nama seperti Prof. Dien Samsudin, Prof. Amin Rais, mereka adalah tokoh-tokoh yang masih aktif sampai saat ini. Mereka juga mantan Ketua Pimpinan Pusat (PP) Muhammadiyah, juga masih ada buya Safi'i Ma'arif dll. - Kalian tau Jendral Soedirman ? beliau adalah bapak TNI (orang yang mendirikan Tentara Nasional Indonesia), walau kemana saja beliau selalu ditandu karena sakit ginjal, tapi beliau tetap gigih berjuang melawan penjajah, dan setelah merdeka beliau mendirikan korp tentara yang sekarang namanya TNI. - Itulah beberapa tokoh yang perlu kalian ketahui karena jasa-jasa beliau besar sekali untuk bangsa dan negeri (Indonesia

Kelas 5 (KM)

Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-anak mari kembali belajar ke Muhammadiyahan. Kita sudah mempelajari tentang AUM. Apa AUM itu ? masihingatkah kalian. - Sekarang kita coba untuk belajar tentang struktur organisasi Muhammadiyah.Coba kalian perhatikan ini : - Pimpinan yang tertinggi disebut Pimpinan Pusat Muhammadiyah disingkat PP Muhammadiyah . Ini berkedudukan di Jakarta dan Yogyakarta (kantornya juga ada di 2 tempat itu) - Pimpinan Wilayah Muhammadiyah disingkat PWM , ini adalah kepemimpinan ditingkat Propinsi yang ada disemua Propinsi di Indonesia. - Pimpinan Daerah Muhammadiyah disingkat dengan PDM , yaitu Pimpinan yang ada di tingkat Kota/Kabupaten yang ada. - Pimpinan Cabang Muhammadiyah disingkat PCM , kepemimpinan ini berada di wilayah Kecamatan. - Pimpinan Ranting Muhammadiyah disingkat PRM , ini adalah tingkat kepemimpinan yang paling bawah di Muhammadiyah. Berada di tingkat Desa/Kelurahan. - Masih ada 1 lagi, yaitu Pimpinan Cabang Istimewa Muhammadiyah disingkat dengan PCI

Kelas 4 (KM)

Gambar
 Assalamu;alaikum wr wb. - Anak-anak sekalian pelajaran lalu kita membahas tentang IPM dan juga Mars IPM, apa kalian sudah hafal lagunya ? - Sekarang coba kalian buka Al Qur'an Surat Al Qalam (QS. 68) ayat satu, dibaca setelah itu ditulis dibuku sekalian dengan artinya (ayat 1 saja, pendek) - QS Al Qalam tersebut dijadikan Semboyan/motto IPM - Jika di Tapak Suci semboyan/mottonya adalah : "Dengan iman dan akhlaq aku menjadi kuat, tanpa iman dan akhlaq aku menjadi lemah" - Yang perlu kalian perhatikan adalah, kalian dilatih Tapak Suci itu bukan sekedar untuk adu kekuatan apalagi untuk sombong dan bertengkar, tidak. - Tapak Suci itu adalah seni bela diri, jenisnya Pencak Silat. Karena seni maka jurus-jurus yang kalian pelajari namanya saja kan indah seperti misalnya mawar mekar dll. - Makanya setelah nanti kalian mahir bela diri di Tapak Suci, gunanua adalah untuk kebaikan dan saling tolong menolong dan juga untuk beramal, sebagaimana kalau kalian ikrarkan Janji Pelajar Mu

Kelas 3 (KM)

Gambar
 Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-anak sekalian, pada pelajaran yang lalu kita membahas tentang IPM, HW dan TS, masih ingatkah kalian apa kepanjangan dari singkatan-singkatan tadi ? - Untuk selanjutnya, coba kalian buka Qur'an Surat Al Qalam (QS. 68) ayat 1, setelah kalian baca kalian tulis dibuku kalimat arab-ny, sekalian dengan artinya.. - Disana dikatakan : "Nun, demi pena dan apa saja yang ditulisnya" - Ayat itu dijadikan semboyan atau motto IPM, nah jika kalian benar-benar menghayati kalimat diatas, maka tidak ada alasan bagi kalian agar harus tekun belajar sebagai ibadahnya seorang pelajar, apa lagi kalian adalah pelajar Muhammadiyah. Pena dan Kitab (buku) itu adalah lambang ilmu. Untuk menjadi pandai tentunya kalian harus rajin membaca, dan jangan malas untuk menulis, sebagaimana dikatakan dalan ayat tadi karena itu perintah Allah. - Gambar pena dan kitab juga terdapat pada lambang IPM : - Untuk mengingat-ingat kembali, coba kalian ucapkan lagi Janji Pelajar Muha

Kelas 6 ( B. Jawa)

 Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-anak ku wayahe sinahu basa jawa maneh. - Ning panggonane dhewe iki mangsa (musim) iku ana ketiga lan rendheng . - Yen lagi akeh udan kaya dina-dina iki diarani mangsa rendheng, kosok baline yen lagi ora ana udan kae diarani mangsa ketiga (kemarau). - mangsa rendheng kuwi padhatan (biasane) diwiwiti ing sasi (bulan) September pungkasan mengko kira-kira nganti Maret. Iku mau ya mung kira-kira kadhang kala ya ora pas bener, sasi Maret utawa April isih ana sisasisa udan (kuwi yen wong jawa ngarani salah mangsa). - Yen rendheng ngene iki menawa arep udan ana titikane/titenane (tanda-tandanya), yakuwi : langite mendhung, kadhang kala ya ana gludhug barang utawa hawane panas sing marak-ake sumuk. - kowe kabeh mestine wis ngerti saka pelajaran tema yen udan kuwi kedadeyane piye, yaiku saka banyu laut sing nguap njur dadi awan/mendhung, ning dhuwur kena panas njalari mendhung mau leleh lan dadi banyu maneh, njur rutuh menyang bumi (kira-kira kaya ngono kuwi)

Kelas 5 (B. Jawa)

Gambar
 Assalamu'alaikum wr wb. - Bocah-bocah, wayahe sinau basa jawa maneh. Ayo sapa sing isih eling karo tulisan aksara jawa ? - Sapa sing isih kelingan babagan tembang macapat ? - Tembang macapat kang cacahe ana 11 iku, - Kanggo sinau maneh iki dak wenehi paugerane tembang macapat. 12 a, 6 a, 8 i, 12 a kuwi arane guru wilangan lan guru lagu (kaya ing tembang pucung sing dhuwur dhewe kuwi). - Saiki coba kowe nulisa nganggo aksara jawa : 1. wayah sore 2.  adang sega 3. dadar gulung 4. gehang goreng 5. rasane marem. - Wis cukup semene dhisik, mengko disambung maneh. Aja lali shalat lan tansah ndedonga marang Allah SWT, mligine kanggo wong tuwamu sakloron. Muga kowe lan keluarga tansah pinaringan karaharjan. A m i n. - Wassalamu"alaikum wr wb.

Kelas 4 (B. Jawa)

Assalamu'alaikum wr wb. - Anank-anak ku wektune sinau basa jawa maneh. Ayo sinau babagan kesenia/budaya jawa - Ayo sapa sing isa golek tuladha budaya/kesenian jawa ? - Ya, bener, ana wayang, ludruk, kethoprak, uga jathilan. - Padhatan (biasane) kesenian jawa kuwi migunak-ake tetabuhan (musik) tradisionil sing diarani gamelan. Gamelan kuwi pepak banget, ana gong sing digandhul kae ana gambang, gender, saron, demung sing dithuthuk, ana siter sing dipetik karo driji, kendhang sing sing ditabuh nganggo tangan (diceplesi). - Gamelan mau yen wis tumata lan ditabuh (diunek-ake), endah disawang lan kepenak dirungok-ake. Mangkane kesenian/budaya jawa iki kudu tansah diuri-uri kareben ora sirna (ilang) - Wayang kuwi uga akh maceme, ana wayang kulit (amarga digawe saka kulite sapi/wedhus), wayang uwong,yen ing sunda ana wayang golek (digawe saka kayu). - Wong sing nyritak-ake lakon wayang (wayang apa bae) diarani dhalang , wong sing nabuh gamelan diarani pengrawit (wiyaga) . Padhatan (biasane

Kelas 3 (B. Jawa)

 Assalamu'alaikum wr wb. - Anak-ank ku kabeh ayo dina iki sinau basa jawa maneh, yakuwi babagan ingon-ingon (ternak) - Pak Darsa kuwi wong kang prigel ingon-ingon. Ingon-ingone (ternaknya) macem-macem. Ana sapi 4, wedhuse 7 lan uga duwe jaran 2 cacahe. Pak Darsa uga duwe Tambak sing diingoni lele. Pitik lan bebek uga duwe senajan ora akeh banget. - Ingon-ingon kaya sapi, kebo, jaran lan wedhus iku diarani raja kaya. - Kewan-kewan sing padhatan diingu ning omah iku diarani kewan ingon-ingon. - Lha yen kewan sing ana alas (hutan) bangsane macan, bajul/baya (buaya), ula (ular) iku diarani kewan galak. - Isih akeh maneh macem-maceme kewan, kowe bisa golek tuladha liyane. umpamane yen kowe duwe kucing ning omah, iku ya klebu kewan ingon-ingon utawa yen umpamane ning omahmu ana manuk kenari apa lovebird (iki manuk sing nganggo basa inggris), dara, iku kabeh klebu kewan ingon-ingon. - Coba saiki wangsulana pitakon ngisor iki ! 1. Coba golekana kewan apa bae sing mangane gohong-godhongan !

Kelas 2 (B. Jawa)

Assalamu'alaikum wr wb. - anak-anak ku kabeh dina iki ayo sinau basa jawa maneh. - ayo dicoba babagan pakaryan-e uwong (pekerjaan orang) - Bu Ana saben dina menyang sekolah saperlu mulang. Dadi Bu Ana iku guru (pakaryane dadi guru) - Saben esuk bakda subuh pak Kriya mangkat menyang sawah. Pakaryane Pak Kriya iku among tani (dadi tani) - Pak Doni yen mangkat makarya ngangge seragam Polisi. Tegese pakaryane pak Doni iku dadi Polisi. - isih akeh maneh macem-maceme pakaryan-e uwong, kowe bisa golek tuladha (conto) liyane, umpamane : apa pakaryane ibu/bapak mu utawa pakdhe/budhe, paklik/bulik utawa sapa bae. - Coba pitakon ngisor iki wangsulana ! 1. Wong kang pakaryane nglakok-ake pesawat diarani apa ? 2. Wong kang pakaryane nambani (nyuntik) wong lara ning Rumah Sakit diarani apa ? 3. Wong kang pakaryane dodolan barang sing ning pasar kuwi diarani apa ? 4. Wong kang pakaryane golek iwak ning segara (laut) diarani apa ? 5 Wong kang pakaryane nglkok-ake crita wayang diarani apa ? - Wis b

Kelas 1 (B. Jawa)

Assalamu'alaikum wr wb. Ayo saiki padha ajar basa jawa maneh, dina iki ayo sinau babagan perangan awak (anggota tubuh) - Aku duwe kuping gunane kanggo ngrungok-ake. - Aku duwe mripat kang gunane kanggo ndeleng - Aku duwe tutuk gunane kanggo caturan (ngomong) uga kanggo maem lan ngombe - Aku duwe untu kena kangg nyokot utawa ngremus/ngecapi (ngunyah) - Aku uga duwe ilat kang migunani kanggo ngrasak-ake. - Aku duwe tangan kanggo nyekel. - Lan aku duwe sikil kanggo mlaku. Bocah-bocah, saiki coba pitakon ngisor iki di wangsuli (dijawab) 1. Ibu mau mundhut pelem rasane legi banget. Perangan awak ngendi kang bisa ngrasak-ake legi ? 2. Budhe lagi mirasni acara TV. Yen mirasni nganggo perangan awak sing endi ? 3. Adhine Rani sing umur setahun lagi ajar mlaku. Sing dienggo mlaku kuwi apa ?  4.Bu Lani nyangking tas isi buku. Perangan awak sing dienggo nyangking kuwi apa ? - Wis kirane dina iki cukup semene dhisik suk disambung maneh. Sinambi sinau ning omah aja lali shalat lan tansah ndedong